Sakjane aku wis rodo suwe angen2 pingin urip ning ndeso kanthi lemah pekarangan sing ombo kiro2 kurang luwih 5 Ha. Kanthi gegodhongan ijo royo-royo, tanduran woh2an sing iso dipangan lan godhong2an sing iso dienggo jangan lawuh mangan sarto sing oraono unsur kimiane istilahe serba organik lan ugo karo kewan ingon-ingon sing migunani contone wedhus mendo sing iso kanggo belehan lan kelangenan contone wedhus mendo Etawa ngono lho. Pitakone opo iso yo gegayuhan iki kawujud??, jawabe nek Gusti Allah ngijabahi panyuwunku insyallah ora ono sing ora mungkin kanggo hamba-Ne sing percoyo.
Senajyan mung angen2 iki isih mendhing kanggo nyiapake mongso purno tugas karo kanggo panggonan antepe pikir nyongsong mongso sing mesti arep teko iku. Sakliyani kanggo ngisi wektu mongso purna tugas biso ugo biso kanggo nentremke pikir ngakehake ngeling-eling mring Gusti kanthi Dzikir marang Gusti Allah kanggo sangune ngadhep mring Gusti Allah nek titi mangsane dikersaKe. Ora mung samono nek angen2 iki kelaksanan iso ugo kanggo sarono ngamal mring Gusti Allah kanthi iso menehi gawean karo tonggo teparo sing mbutuhake tambahan kanggo nutupi kabutuhan urip saben dinane.
Cempe Peranakan Etawa ras Kaligesing
Advertisement


Mangayu Bagyo