Ono jroning kantor wis biasa nek ono panggonan kanggo leren karo ngrokok lan ngopi biasa diarani pantry. Sakliyani kanggo ngrokok lan ngopi ugo kanggo ngrumpi njet-njetan sing ora karuan jluntrungani crito kono crito kene. Pas mbuh kebetulan opo emang sengojo ngobrol ngarah ngomongke kesuksesan peternak wedhus sing pernah ditonton ndhuk tipi. Opo kiate sukses jebule ming soal jeneng dheweke nyebut wedhus hasil ternake dijamin halal, lho kok biso njamin halal sakwise diwawancarai jebule wedhus sing dhuk ternak iki dipakani soko hasil taneman ijo-ijoan sing ditandur ndhuk pekarangane dhewe, dadi blas babar pisan nggak pernah golek rambanan nggone liyan opo meneh nyolong rambanan sing ndhuk pekarangane tonggo.
Wealah memang bener nek golek rambanan mrono mrene iku pancene iso iso sing duwe kebon ora ikhlas, dadi nek dipangan wedhus yo kurang halal opo yo ngono yo. Soale wedhus iku akehe digunakake kanggo sarana ibadah contone : kanggo aqiqoh (nebus jabang bayi), kanggo idhul qurban (riyoyo haji). Kanthi keyakinan iku mau peternak mau iso kanggo nambah nilai jual wedhuse ( value added ) kanthi embel-embel wedhus halal.
Sakwise eyel-eyelan adu argumentasi iso dijupuk hikmahe lan biso ditiru hayo gek ndang nernak wedhus kanthi nyiapke pekarangan sing ditandure wit-witan godhong-godhongan sing dadi senengane wedhus. Lan ugo ditanduri suket gajah sing gampang tandurane supoyo nek golek pakan wedhus cukup neng pekarangane dhewe insyallah dijamin halal, mugo2 gusti Allah paring ridlo amien.

Mangayu Bagyo